Asal Mula Desa Giren
Desa Giren, kelurahan Girimargo,
Kec.Miri, sing papane sisish kulon kab.Sragen. kira-kira 6-7 saka kec.gemolong
lan kira-kira ana 1 jam saka kota Solo. Desa Giren kuwi mbiyen bukit-bukit sing
akeh sing akeh, yen ana wong mlaku kudu nglewati dolanan sing nyeremke. Miturut
para sesepuh, jeneng Giren kuwi singkatan saka ”Giri Leren” tegese papan lerene
sunan Girii wektu lewat ing daerah. Crita lengkape kaya mangkene.
Jaman semana wektu nyebarake agama
islam, sunan Giri teka ing salah sijine bukit. Ing bukit kuwi uwis lumayan akeh
wong sing urip/tinggal ing daerah kuwi.
Nalika wekyu sholat dhuhur, sunan Giri tinuju salah sijine bukit ing sisih kidul desa kuwi. Sunan Giri golek banyu dinggo wudhu. Nanging ora ana banyu sing ditemokake. Banjur tongkat sing digawa sunan Giri mau ditancepke ing lemah karo ngucapne “bismillahirrahmanirrahim” banjur metu banyu sing bening lan bentuk belik (sumur cilik) nalika tongkat sing ditancepke mau dicabut.
Lajeng, sunan Giri njikuk ceruk (bekas
kambil) dinggo njikuk banyu lan digunakake wudhu. Sawise wudhu sunan Giri
nglangkahake sikile ing kulon bukit. Ing
dhuwur bukit kuwi sunan Giri nggelar sajadah sing dinggawa lan sunan Giri
wiwiti adzan. Nanging sawise adzan ora ana wong sing padha teka dinggo melu
sholat jamaah bareng dheweke. Para warga mung isa nonton ritual sing dilakokake
sunan Giri saka kadohan banjur sunan Giri nglakokake kanthi khusyuk. Sawise
sholat dhuwur sunan Giri nyeluk warga lan wenehi wejangan babagan agama islam.
Banjur uwis teka wektune sunan Giri nerusake mlakune ing
papan liyane. Sawise kuwi papan iku dijenengi Giren tegesi Giri Leren. Nganti
saiki banyu kuwi dilestarekake lan papan sing dinggo sunan Giri sholat dhuhur
dibangun pondhok cilik sing njerone ana “cungkup” dinggo mendhem ceruk lan
tongkate sunan Giri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar