Bu lek :
mbak , anak mu Fitri kae kuliyah ana ngendi ta mb , kok aku ora tau ngerti ?
Ibu :
walah , kowe ora ngerti ta dhik.
Bu lek :
boten kok mb , yen ngerti nggih boten takon mb.
Ibu :
anakku Fitri kuliyah ana ing UNNES dhik.
Bu lek :
wis dadi bocah Semarang tenan ponakan ku saiki
Ibu :
iya dhik wong ya uripe saben dina ne ana ing Semarang kok
Bu lek :
lha saiki fitri ana ngendi mb ?
Ibu :
lha kae ana ing omah dhik. Fit . . .renea sik ndhuk
Fitri :
nggih bu , wonten punapa ?
Ibu :
ora ana apa-apa ndhuk. Kepriye kuliyah mu ing UNNES seneng apa ora ?
Fitri :
wahh , remen sanget bu , kancanipun kathah ugi dosenipun
Ibu :
iya wis fit , ibu iya melu seneng yen awak mu bisa sreg karo anggonmu kuliyah
Bu lek :
lha anggon mu OSPEK rasane kepriye fit ?
Fitri : menawi dipunraosaken menika wonten ingkang
sekeca kaliyan wonten ingkang boten sekeca
Ibu :
lha kok bisa ngono kepriye fit ?
Fitri :
amargi sekedhik-sekedhik wonten hukumanipin
Bu lek :
iya wis pancen sing jenenge golek ilmu iya ana rekasane barang
Fitri :
nggih bulek , menika sampun kula tampi kanthi ikhlas
Bu lek :iya
bener kuwi fit , lha kepriye rasane dadi
bocah kos-kosan ?
Fitri : ruwet sanget bulek, kula badhe napa-napa
kedah piyambak. Dadosipun kula kedah saged ngendum wekdal menika.
Bulek : o . .ngono ta fit, yen ngono kowe kudu
pinter-pinter anggonmu mbagi wektu ben ora sia-sia.
Fitri :
nggih bulek
Ibu : ya ngono kuwi fit. Dadi bocah kudu
pinter lan bener lan karo kanca-kanca kudu padha rukun.
Fitri :
nggih bu, bulek sugeng dalu sugeng sare
Ibu & bulek : iya fit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar