Narasumber : Dwi Margono ( Gus Dwi )
Juru kunci Gunung Kemukus keturunan ke-16
Gunung Kemukus kuwi
mbiyene alas sing amba, ora ana penghuni babar pisan. Nalika mbiyen ana putra
Raja, jenenge Pangeran Samudra sing dikubur ing Gunung Kemukus. Crita lengkape
kaya mangkene :
Pangeran Samudra kuwi
anak saka Raja Brawijaya. Anak kakung ragile Raja Brawijaya. Wektu kuwi Raja
Brawijaya sing dadi raja ing Kerajaan Majapait. Nalika mbiyen ana geger sing
padha ngrebutake kekuasaan lan wektu ana perang kuwi Raja Brawijaya kalah.
Banjur kangmas-kangmase Pangeran samudra padha lunga dhewe-dhewe. Nanging
Pangeran Samudra ora padha melu lunga kangmase. Pangeran Samudra malah melu ibu
tirine yaiku Dewi Ontrowulan. Dewi Ontrowulan kuwi selire Raja Brawijaya. Dewi
Ontrowulan ngajak Pangeran Samudra menyang
dulur tuwane utawa kangmase yaiku Sultan
Fatah sing dadi Raja Demak sing kepisan. Amarga wektu kuwi Pangeran samudra
isih cilik, dheweke disantrine utawa dipondhokne. Pangeran Samudra dipondhokne
ing salah sijine Padepokan. Padepokan kuwi jenenge Padepokan Kadilangu ana ing
sangisore pimpinan Sunan Kalijaga. Sawise 3taun Pangeran Samudra mondhok ing
Padepokan Kadilangu, dheweke bisa mahami ilmu agama, pendidikan lan ilmu-ilmu
liyane. Lajeng Pangeran Samudra saiki balik ing Kerajaan Demak. Dheweke nyuwun
pirsa marang kangmase.
“ kangmas, aku kudu
kepiye saiki aku uwis ora ana ing pondhok maneh ?”,
“dinda, amarga dinda
wong ulama sebarna agamamu. Agama anyar sing ing Demak jenenge agama Rasul, apa
maneh mbiyene ing kana agamane hindhu, budha.”
“inggih kangmas, aku
bakal nampa perintahmu!”
“dinda, isih ana siji
maneh sing kudu mbok lakokake. Dinda kudu goleki lan ngreketake maneh
kangmas-kangmasmu sing padha lunga dhewe amarga Raja Brawijya kalah, mula saka
kuwi bisa ngrangkul Kerajaan Majapait bareng-bareng.”
“Inggih, sendhika
kangmas.”
Pangeran Samudra
ninggalne kerajaan Demak lan Pangeran Samudra dikon lunga ing lereng Gunung
Lawu supaya bisa berguru marang Ki Ageng Gugur, selain dadi musafir Pangeran
Samudra goleki dulur-dulure ben bisa dadi siji maneh. Nalika dheweke nyebar
agama islam Pangeran samudra berguru karo sapa wae sing dianggep mampu lan duwe
kaanugrahan utawa apa wae sing durung diduweni Pangeran Samudra. Nalika tekan
pundhak kiwa dheweke ketemu karo Ki Ageng Gugur. Ki Ageng Gugur kuwi wong sing
sakti mandraguna. Ki ageng Gugur ing Gunung Lawu gawe padepokan jenenge
Padepokan Ki ageng Gugur. Banjur Pangeran Samudra berguru marang Ki Ageng
Gugur. Dheweke diajari babagan ilmu islam sing temenan.
Pangeran Samudra
jelaske tujuane mrono yaiku pengin gabungne dulur-dulure dadi siji supaya mlebu
agama islam, sawise kuwi Ki Ageng Gugur
jelaske yen dheweke ki kangmase.
“aku iki sanyatane
kangmasmu amarga kowe jelaske tujuan mau, amarga kuwi aku gelem melu ing Demak
dan adimas neruske mlakumu yen uwis awake dhewe balik bareng-bareng dinggo gawe
agama anyar ing Demak jenenge Demak Bintoro.”
Sawise kuwi Pangeran
Samudra lunga lan neruske mlakune dinggo nyebar agama islam. Saka
kangmas-kangmase ana sing gelem mlebu islam lan iya ana sing ora gelem mlebu
islam. Banjur dheweke mlaku turut dalan nglewati desa-desa. Dheweke pethuk Kyai
Kamaliman. Kyai Kamaliman kuwi musafir lan ulucumbu/pendherek. Kyai Kamaliman
pengin ngabdi utawa ndherek Pangeran Samudra nyebar agama islam. Nalika tekan
salah sijine panggonan kayata Desa Alaskobong, Desa Bogorame, Desa Doyong, Desa
Modra lan kuwi kabeh papan sing pernah dilewati lan dinggo leren Pangeran
Samudra.
Sawise tekan Barong
Pangeran Samudra sakit lan seda ing daerah kuwi. banjur Pangeran Samudra di
kubur ing dhuwur bukit sing saiki dikenal jenenge Gunung Kemukus. Abdine sing
padha melu mau lapor ing Demak.
“Sultan, Pangeran samudra menika gerah
lan saniki sampun seda nalika nyebaraken agama islam,”ngendhikane abdi.”
“abdi, adikku makamna ing kulon kali
sing ana bukit dhuwure,”jawab Sultan.”
Inggih sendhika dhawuh sultan,”ature
abdi.”
Bukit kuwi asline
jenenge ora Gunung Kemukus nanging ora ana jenenge amarga mbiyene kuwi alas
sing ora ana panguripan. Sawise Pangeran Samudra mati lan arep di kubur ing
kono, ing dhuwur kuburane Pangeran Samudra ana asap item banget lan bentuk
kerucut 60 derajat bentuke kaya kukusan. Asap kuwi ilange suwe banget akhire
dijenengke Gunung Kemukus.
Waktu mbiyen Pangeran
Samudra gelem mlebu islam. Dheweke gawe pondhok ing kedung uter. Kedung uter
kuwi wonge pinter-pinter kyai mustahal, kyai hanafi dll. Para abdi di makamne
ing sekitar Gunung Kemukus amarga mbiyen wektu belanda kabeh padha berguru
marang Pangeran Samudra lan sing hafal alquran dimakamne ing sekitar Pangeran
Samudra.
Ing sekitar gunung
kemukus kuwi ana Sendhang. Jenenge Sendhang Ontrowulan. Sendhang kuwi isih ana
gegayutane karo makam Pangeran Samudra. Cerita lengkape kaya mangkene
Jaman mbiyen ing Demak
ana ibu sing tresna banget marang anake yaiku Dewi Ontrowuan. Dewi Ontrowulan
tresna banget marang anake yaiku Pangeran Samudra. Nalika Pangeran Samudra lagi
nglakokake tanggungjawabe nyebar agama islam. Ana kabar sing ngabarke marang
Dewi Ontrowulan yen Pangeran Samudra sakit lan mati nalika nyebarake agama
islam. Banjur Pangeran Samudra di makamke ing dhuwur bukit kulon kali. Dewi
Ontrowulan arep nyusul Pangeran Samudra. Nalika wes tekan pinggir kali Dewi
Ontrowulan bingung arep lewat ngendi dinggo nyabrang kali kuwi. Dheweke mung
bolak-balik mutar-muter ora bisa nemu carane. Lan akhire daerah kuwi dijenengke
kedunguter. Banjur, sawise uwis tekan
bukit kuwi. Nyawa Pangeran Samudra uwis ora ana, Dewi Ontrowulan mung bisa
ngrangkul makame Pangeran Samudra.
Dewi Ontrowulan pengin
banget ketemu karo Pangeran Samudra. Nanging dheweke bingung kepiye carane ora
ngerti. Ora suwe ana suara ghaib sing ngomong
“ibu, yen panjenengan pengin ketemu
aku, ing pinggir bukit iki ana sendhang lan ibu siramo ing sendhang kuwi nganti
suci. Mangke ibu bisa ketemu karo aku.”
Dewi Ontrowulan ora
mikir suwe, dheweke banjur nglakokake apa sing diomong suara ghaib mau. Sawise
siram Gusti Ratu Ontrowulan ngrangkul jenazahe pangeran Samudra. Lajeng kembang
rinonce sing dinggo hias rambute kuwi dikibas-kibaske lan tukul wit-wit langka
jenenge wit Nagasari. Mbiyene ing alas kuwi ora ana apa-apa mung ana
alang-alang sing urip.
Awake Gusti Ratu
Ontrowulan ilang secara ghaib. Mula kuwi makame Gusti Ratu Ontrowulan didadekne
siji karo makame Pangeran Samudra. Sendhang sing dinggo siram Gusti Ratu mau
dijenengke Sendhang Ontrowulan amarga mbiyen sendhang kuwi durung ana jenenge.
Sendhang kuwi nganti saiki dipercaya banget. Jarene yen adus ing sendhang kuwi
bisa gawe awet enom.
Cerita Pangeran Samudra
kuwi ing mburine ana mitos-mitos ala sing uwis nyebar, kayata kudu nglakoni
hal-hal sing ala. Nalika mbiyen arep dikubur ana leluhur sing ngomong yen
krungu suara ghaib sing unine kaya iki
“tindhakno apa sing
durung tak tindhakne , sapa sing duwe panyuwunan, sing madhep mantep cedhako
marang aku kaya kowe arep seneng demenanmu.”
Saka ujaran kuwi tegese
kaya mangkene yen awake dhewe lagi duwe panyuwunan, awake dhewe bisa nyuwun
nanging syarate iya siji kudu madhep mantep, sing tenanan ora oleh kegoda karo
apa wae. Masalah tenan dikabulke apa ora, kuwi urusane karo Gusti sing gawe
urip. Nanging uwis akeh wong sing padha buktekne omongan kuwi. Saka ujaran mau
wong jawa padha salah nampa amarga SDM wong jawa jaman mbiyen rendah. Wong jawa
ngertine yen pengin duwe panyuwunan kudu gawa demenan utawa pacangan. Mitos
kaya kuwi isih dipercaya banget nganti saiki amarga mitose uwis akeh sing
ngerti.
Nanging miturut cerita
asline ora bener, kuwi mung mitos sing nyebar. Yen dipikir, Pangeran Samudra kuwi anak raja, pemersatu
bangsa, lan ulama sing gawene nyebar agama islam. Apa iya ulama nglakokake kaya
ngono. Ing daerah kuwi panyuwunan apa wae bakal dikabulke, nyuwun sing apik,
ala lan liya-liyane penting sugestine kuat.
Ing Gunung Kemukus ana
malem-malem sacral sing ditekani para peziarah yaiku dina laire lan dina
kematiane Pangeran samudra. Malem jumat pon sing dadi dina laire lan malem jumat kliwon dina matine Pangeran
Samudra. Ritual sing dilakokake para peziarah kaya kembang wangi sing
dipasrahake marang juru kuncine banjur kembange disebar lan sawise kuwi
dijupuki maneh. Para peziarah rata-rata padha gaewa pacangan amarga mitos sing
uwis nyebar kuwi gedhe banget.
Jaman mbiyen ana
cerita, ana wong mataram dheweke lagi duwe masalah. Dheweke bangkrut saiki
wonge pengen sugeh. Dheweke ora gelem balik yen durung bisa sugih. Dheweke
nginep ing kono pirang-pirang dina. Ing kono uga ana saudagar wadon, dheweke
iya bingung amarga lagi ana masalah lan dheweke iya pengin sugih. Wong loro
kuwi mau sering ketemu lan suwe-suwe padha tresna. Nalika bengi wong loro kuwi
mau ora bisa nahan napsune, wong loro kuwi nglakokake hubungan ing ngisor wit
lan gawe janji aing unine kaya ngne
“dik, yen aku uwis
sugih sebagian hartaku kanggo
kowe,”omonge wong mataram
“mas, aku iya janji
kaya ngono, yen aku sugih sebagian hartaku kanggo sampeyan mas,”jawabe saudagar
wadon.”
Sawise padha janji kaya
mangkono, wong loro mau nglakoni hubungan nganti puas. Wong loro mau nglakoni
ora mung pisan tok nanging yen lagi pengin iya dilakoni wae. Sawise pirang
wulan wong loro mau uwis padha sugih kabeh. saka kedadeyan kuwi mitos kaya
ngono dipercaya banget karo wong-wong sing duwe panyuwunan.
Ing versi liyane ana
sing nyritakake babagan Pangeran Samudra lan Dewi Ontrowulan. Jaman mbiyen
nalika isih ing Kerajaan Majapait, Ontrowulan selire Raja Brawijaya. Dewi
Ontrowulan isih enom lan ayu banget.
Jarak umure karo Pangeran Samudra iya ora adoh. Ora salah yen ana kabar sing
nyritakake Pangeran Samudra trsna marang ibu’e dhewe. Wektu kuwi umure Raja
Brawijaya uwis tuwa. Pangeran Samudra lan Dewi Ontrowulan lunga ing Demak.
Nalika ing Demak sering ketemu mungkin ana rasa tresna sing njedul. Nanging
tresna kuwi ora kesampaian lan wong loro mlayu ing daerah bukit (Gunung
kemukus). Ana hasrat pengin nglakokake hubungan, nanging sadurunge nglakokake
uwis konangan karo para prajurit Demak lan di pateni ing kono. Banjur makame
dadi siji. ( nanging versi iki ora bener )
Karya
“Yunara Ridha”
JMT-Casino: What's the latest release? - JetBlue
BalasHapusIn this 광명 출장안마 video 제주 출장마사지 interview with JetBlue News Network, 김해 출장마사지 Chief Executive Officer Tom Greenbegan 태백 출장안마 discusses the changes that come to the casino in New Jersey. 밀양 출장마사지