Basa Jawa
Saiki Wis Arang Digunakake
Basa Jawa
saiki wis pancen arang digunakake, akeh bocah ing jaman saiki ora mudheng basa
jawa. Awit isih cilik digladhi migunakake basa Indonesia kanggo basa padinan,
kanthi mengkono basa jawa kaanggep angel. Supaya bias migunakake basa jawa kang
bener kudu gladhen supaya lancer. Sak ora orane kudu bener pocapane, ngerti
tandha wacan.
Kabeh guru
mligini guru kang tingkat dhasar mono tugase mandhasi watake bocah, amrih
besuke bisaa dadi generasi penerus kang nduweni akhlak kang kena di
andelalake sarta duwe pakarti luhur. Awit jroning basa jawa mau akeh kandhungan
pendhidhikan tumrap bocah amrih tansah nuhoni tumindak andhap asor, ngetrapake
tata karma, tata susila, treping basa samubarang wong, lan sapiturutipun.
Bocah saiki
akeh kang babar pisan ora nduweni andhap asor, sludar-sludur kaya wedhus prucul
marang guru lan wong tuwa. Apa merga kena pengaruhe jaman kang saya canggih ?
kanyatane senajan wulanan basa jawa wis dicacake, nanging asile meksa durung
maremake. Jalaran wulangan basa jawa durung entuk papan jembar kang semestine.
Wulangan basa jawa isih kaya dene tanduran tumpang sari ana pinggir galengan,
saka ngendi bisane menehi asil kang maksimal. Carane ngetrapake uga durung bisa
rancag, isih kecincungan, jalaran bocah durung nguwasani basa jawa. Luwih-luwih
ngenani paramasastra kang ruwet.
Kanggo
ngembangake basa jawa, tembang lan budayane, amrih wis lumaku rancag guru kudu
bisa mandhiri. Aja nemen nemen njagakaake marang kang nduweni kawenangan.
Pengalaman mbuktekake, saben ana program amrih lestari lan ngrembakane
basa/budaya jawa, pancen dalane ora lancer, akeh sandhungane. Mligie ngenani
prapebaya.
Carane guru
bisaa nyawiji karo kelompok masyarakat endi wae kang nduweni misi nglestarekake
sastra lan basa jawa. Umpamane makarya bebarengan karo sastrawan jawa,
nganakake lomba ,maca basa jawa, lomba nembang lan sapiturutipun. Bab prabeya
bisa golek kanthi sambat marang kang nduweni kawigaten gedhe marang lestari
sarta ngrembakane basa jawa. Pokoke sembarang cara bisa dienggo, amrih basa
jawa entuk papan kang jembar, merdika urip ngrembaka Wosing atur, menawa guru
ndueni kreativitas kang dhuwur, bisa ningkatake kemandhirian, ngrenggesengake
wulangan basa jawa kalebu tembange kanthi meneka cara, lan bisa oleh asil kang
maksimal maremake, wis pada karo ndeder winih unggul generasi penerusing bangsa
kang bisa diandelaake samubarange, mligine bab dhuwure akhlak luhuring pakarti
Tidak ada komentar:
Posting Komentar