Ati, Bisa Molah-Malih
Ati mono kalebu peranganing awak sing
utama. Upama awak iku sawijining komputer, ati kena dipadhakake piranti lunak.
Mapane ing rongga dhadha sisih ngisor. Senajan kalebu organ jero nanging ati
bisa dirogoh. Apa ora mbilaheni?
Miturut kagunane ati iku kalebu organ
ekskresi, yaiku organ sing dadi papan mrosese zat-zat sing wis ora migunani
tumrap awak, sing arupa cairan, kayata urin, kringet, lan uga banyu. Dene sing
diasilake ing ati wujud cairan empedu, sing saben dina watara setengah liter
akehe. Empedu sing wernane semu ijo iku diwadhahi kanthong empedu (vesika
pelea), wong Jawa olehe ngarani peru.
Menawa saluran empedu iku katutup
kolesterol bisa nuwuhake batu empedu, mahanani empedu ora bisa disimpen ing
jero kanthong empedu lan langsung tumuju mlebu ing peredaran getih. Wusana
warna getih dadi semu kuning, lan iki sing diarani penyakit kuning.
Ati uga dadi papane ngrombak 10 yuta sel
darah merah sing wis tuwa (rusak), dadi bisa digunakake maneh kanggo
kepentingan organ liyane. Lan uga minangka siji-sijine kelenjar sing bisa
ngasilake enzim orginase. Dene enzim iki bisa milah-milah asam amino orginin
dadi asam animo ornitin lan urea. Dene asam amino ornitin iku duwe faedah ngiket
CO2 lan NH3 sing nduweni sifat racun. Mula bisa dibayangake, yen ati iku rusak,
ora bisa dimanfaatake maneh. Anane mung nuwuhake lelara.
1. Lara Atine
Yen ana wong sing dienyek utawa ora
diajeni adate banjur kandha lara atine. Kamangka ora ana gangguan apa-apa
tumrap “kerjane” ati. Wong iku tetep sehat wal afiat. Isih kuwat mlayu adohe
sepuluh kilometer, isih bisa numpak pit, isih gelem nyambut gawe. Nanging
geneya wong kasebut kandha lara atine?
Ing hadis Nabi Muhammmad SAW disebutake ing jero awak iki ana perangan sing
yen kahanane apik, bakal becik kahanane umat manungsa. Suwalike yen barang
kasebut rusak, bakal rusak kabeh lelakone manungsa. Barang kasebut yaiku ATI.
Mangka lara iku kalebu kahanan sing lagi ora apik. Mula ora aneh yen wong sing
lagi lara atine bisa nesu, ngamuk, malah nekad ngayut tuwuh. Kok ya cupet temen
nalare?
2. Ngrogoh ati , ngranggeh rempela
Apa bener ati iku bisa dirogoh? Yen
diwawas saka segi ilmiah kok kaningaya temen? Nanging yen winawas sacara simbolik,
cetha manungsa iku bisa dirogoh atine. Ati mujudake punjer moral sosiale
manungsa. Mula yen ana wong sing kejem lan wengis, adate banjur diarani wong
ora duwe ati nurani. Wong yen wis bisa ngrogoh atine wong liya sarta katurutan
sedyane, adate banjur dadi ngambra-ngambra kekarepane. Yen wis oleh ati banjur
kepengin ngranggeh rempela. Nglunjak, sakarepe dhewe.
3. Mambu atine
Senajan wis dibungkus kanthi rapet lan
primpen, tetela sing jenenge ati iku tetep bisa “diambu”. Mambu ati kena
diarani wis dadi kembange wong urip. Kamangka yen bener-bener mambu, wah, bakal
ngerteni wewadine wong liya. Beja dene Gusti Allah wis nakdirake yen manungsa
iku ora duwe kaluwihan kaya mangkono. Mambu ati mung bisa dimangerteni lan
dirasakake dening wong sing lagi duwe rasa sir mligine marang liya
jinis. Dene sing lagi disir ora mesthi bisa ngrasakake yen ana wong liya sing
lagi mambu ati marang dheweke. Mula wong sing lagi mambu ati marang wong liya
adate goreh banget. Yen ora kepethuk sajak kepengin banget kepethuk, nanging
yen wis adhep-adhepan adate banjur dadi blingsatan. Clegukan ora bisa ngomong.
Apa maneh yen olehe “jatuh ati” iku kanggo sing pisanan sawise ngancik dewasa.
Wah, wah….
4. Ngati-ati
Geneya mung ati wae sing kanggo tandha
pepenget? Apa ora ana bagiyan awak liyane sing kena kanggo pepeling lan
pepenget. Upamane sikil, tangan: nyikil-sikil, njantung-jantung, lan
liya-liyane?
Nalika putra-putri panjenengan arep
lelungan adoh utawa nggawa barang sing pengaji, mesthi diwanti-wanti supaya
sing ngati-ati. Ngati-ati aja nganti lena, bokmenawa ana copet, ngati-ati neng
dalan aja menga-mengo. Apa maneh yen ana sesambungane karo dhuwit, “Ngati-ati
Ndhuk anggone nganggo dhuwit, iku mung pas-pasan. Kudu cukup kanggo sawulan
lho….”
Adate bocah sing dikandhani banjur
muncu-muncu, “Walah Ibu iki, kok ora percaya temen karo aku.”
Pancen sing jenenge bocah durung ngerti
sepira angele golek dhuwit. Ngertine mung njaluk lan kudu dituruti. Niru
cilikane bapake biyen he… he… he!
5. Bisa atos
Ati iku dadi papan dununge wateg. Wateg
iku ilange yen wis dipeteg, dikubur. Wong sing atine “atos” sering disepatani
wong liya. Apa maneh wong sing atine atos iku duwe panguwasa, duwe raja brana
alias sugih, utawa kaluwihan liyane sing ora diduweni dening wong liya. Ing
samubarang kalir njaluke menang utawa dimenangake. Anggepane apa-apa iku bisa
dituku nganggo dhuwit. Dikandhani ngeyel, diwenehi ngerti ngakune wis pinter,
adate omongane sengak, ana ing sesrawungan karepe kudu dadi pemimpin.
Geneya ilange wateg yen wis dipeteg?
Manungsa iki asale saka lemah, lan bakal bali maneh marang lemah. Mula yen wis
dipeteg dikubur neng lemah bakal bosok, ora ngribeti maneh ing pasrawungan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar