SEDEKAH DESA
1. Definisi
sedekah Desa
Sedekah desa utawa sedekah bumi menika
tradhisi jawa ingkang ditindhakaken sedaya warga Desa Soka saben taun. Desa
Soka menika desa ingkang kula manggeni saniki. Tradhisi menika ancasipun kangge
ngucapaken syukur dhumateng Gusti ingkang maha kuwasa amargi sampun maringi
hasil panen ingkang kathah sanget. Tradhisi sedekah desa menika ditindhakaken
nalika musim panen apit. Tradhisi menika biasanipun dinten jumat pon utawa jumat kliwon. Bentuk tradhisi
menika yaiku slametan wonten dalemipun Pak RT. Menawi dalu menika wonten Tayub
lan siang wonten slametan.
2. Piranti Sedekah desa
· Tumpeng
biasanya ada nasi dan lauk-pauk diantaranya mie, sambal goreng, ayam panggang,
srundeng, krupuk dan rempeyek.
· Jajan
diantaranya pisang, jadah, rengginan, tape dan wajik
· Menyan,
lemper dan areng
· Kendi dan
air
3. Pelaksanaan
Sedekah Desa
· Sedaya
warga dusun Soka ngempal wonten dalemipun Pak RT kaliyan mbeta tumpeng ingkang
sampun disiapaken
· Menawi
sampun, tumpeng kalawau dikempalaken wonten ngajeng dados setunggal kaliyan
tumpeng sanesipun
· Mudin
majeng wonten ngajeng kangge mimpin doa sesarengan
· Menyan
ingkang wonten lemper di obong kaliyan areng
· Kendhi
ingkang sampun diisi toya disiramaken wonten siti sakiwa tengene menyan ingkang
di obong kalawau kaliyan ngendhikan
buyut. . . Buyut
· Tumpeng
ingkang dipun mbeta kalawau dipun dhahar sesarengan
4. Fungsi
Tradhisi
·
Fungsi social : kangge ngraketaken tali asih
kaliyan para warga setunggal desa
·
Fungsi religi : kangge njagi keselametan para warga
lan menawi boten ditindhakaken wonten warga ingkang nampi kacilakaan
5. Makna
Tradhisi
·
Nyiramaken toya wonten siti kaliyan ngendhikan
buyut . .buyut menika kangge ngundhang jawah supados panenipun kedah katah
malih
·
Doa-doa ingkang dipunucapaken kaliyan mudin menika
anggadhahi makna yaiku kangge ngucapaken syukur dhumateng gusti ingkang maha
kuwasa
·
Bakar menyan menika kangge ngusir roh-roh halus
Karya “ Yunara Ridha”
Tidak ada komentar:
Posting Komentar