Crita Saka Manca
Ing papan sarwa salju,
Aku ngangen-angen
Lawing gubug binuka
Ana bedhiyang lan lincak
Nanging wis kebacut dadi salju
Guritan apadene kekarepan
Nglinthing bareng tumiyupe angina
Nunjem-nunjemake dom perih
Sadawane wengi
Kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
Sing durung kober kababar unine prasasti
Ambal
Kebumen, 1 Januari 2007
( Jaya
Baya, No. 24-tgl. 11 Februari 2007)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar